Selasa, 30 September 2014

Gending Katresnan

Jaman biyen, wektu aku iseh bayi mung iso gandulan ono gegere simbok. Wes ora perduli boyoke simbok kekeselen opo sempal gegere, pokoke waton nemplok atiku wes seneng digendong nganggo slendang batik kawung.
Opo maneh yen aku nduwe kepinginan ora keturutan sitek, rasane kudu nesu-nesu. Opo wae sing ono ngarepku tak pancali, tak guwangi, banjur nangis geroh-geroh karo klesetan.
simbok sak niki pun sepuh. Rambute wae wes putih kabeh, kulite wes pating njekitut, tapihan jarike ajeg mlorot dewe yen ora ditaleni. Yen ngompol malah tak seneni, jaman ndisek yen aku ngompol malah di guyu karo simbok, dilileng-lileng karo dinyanyekne gending-gending katresnan.
Simbok sak niki pun mboten saget nyambut gawe. Jaman biyen ijek kuat mbopong kayu karo nggendong aku, mlaku seko ngalas tekan ngomah.
Sak iki angkat junjung wes ora kuat, nggowo awake dewe wae wis sempoyongan. Simbok sak niki pun pikun, mlaku yo wes ora kuat adoh, mung mrambat-mrambat kudu nganggo teken, sabendinane glemetak ono kasur karo nyawang tipi.
Simbok ora mbales nangis geroh-geroh karo kleset-kleset yen nduwe pepengenan. Yen ajeng dahar mundhut panganan utowo liyane, mung mesam-mesem wae karo ngenteni uwong ngomah sing liwat.
Yen pengen lungguh ning ngarep omah opo arep neng mburi, simbok ora ngendikan opo-opo, ora njaluk tulung lan bengak-bengok koyo cilikanku.
Ngerti-ngerti wes ngadek dewe karo rambatan, emoh yen ditulung, jare ijeh urung rumongso tuo, ijeh iso nglakoni dewe. Simbok ora pengen yen wes tuo iki ngrepoti anak-anakke lan putune.
‘’Yoooh ... Aku mung biso nututi ning mburine karo was-was.’’
Simbok …. Mbok yo mbales aku to mbok, ora ketang muring-muring, ben lunaaas kelakuane anakmu sing nakal iki.’’
….. Keloni maneh aku to Mboook koyo ndek cilik.. .....
- Salam kangen kangge simbok, mugi gusti Alloh maringi kesehatan lan karaharjan

Masa tua yang berhasil di mulai dari kerja keras di masa muda

Apakah anda termasuk orang yang boros dalam membelanjakan uang?
''Nabung, yuk?''
Dengan memiliki tabungan dalam bentuk apapun, kita sudah mempersiapkan masa depan sedikit lebih baik di bandingkan tidak memiliki tabungan.
Jangan terlalu boros di masa kini, sehingga dapat membahayakan kehidupan kita dimasa depan. karena, kita tidak pernah tahu apa yang akan terjadi di esok hari. Dan jangan pernah anggap remeh tabungan sebesar apapun itu. karena itu akan jadi penyelamat kita disituasi yang mungkin tidak bisa kita atasi.
Menurutku, hidup sederhana itu indah kalau kita mampu untuk berucap syukur. Syukuri apa yang kita miliki saat ini.
Bersyukur adalah sumber dari segala kerendahan hati. Semakin kita bersyukur, semakin tentramlah hati ini.
- Salam santun saya
█│║▌║││█║▌│║▌║©
0 0 0 0 2 9 0 9 2 0 1 4