Sabtu, 01 November 2014

Gending katresnan 6

Esok iki motoku ijek kriyep-kriyep nahan ngantuk. Sebabpe mau bengi ora iso turu goro-goro awakku kekeselen, rasane lungkrah koyo bar di uyak-uyak jaran. Ndek wingi, sedino muput aku ngewangi macul karo ngusungi rabuk nggone morotuo.

Muleh seko macul aku ketemu sliramu ono pingger kali. Tak sawang-sawang malah ndingkluk koyo ora reno penggalie. Tak takoni apik-apik ora gelem semaur, bareng tak cedaki sliramu malah mlengos.

''Lho ... ono masalah opo to, dek?''

Durung sempet njawab pitakonku, sliramu malah mlayu karo nutupi rai tanpo noleh mburi. Banjur tak playoni, tak tututi seko mburi ngasi srandal swallowku pedot srampate.

''Embuh, aku yo ora ngerti kenopo dino iki bedo adatmu. Opo salahku, aku yo ora ngerti.'' batinku karo ngelus dodo.

Tekan ngomah peteng remeng-remeng, pas wancine adzan magrib. Koyo biasane,  jam semene iki aku lagi wae muleh seko ngalas, banjur lungo sholat magrib ono plataran watu cedak sumur. Rampung sholat aku pengen nemoni sliramu, pengen ngerti ono masalah opo.

Bareng tekan ngarep lawang aku kaget, lawange ngablak-ablak ora di kunci, lampu sentir durung diuripno, omahku dadi peteng ndedet koyo kuburan.

‘’Dek , kangmas muleh!’’  pitakonku marang sliramu karo tak sambi nyumet lampu sentir.

‘’Ditakoni ora gelem semaur, opo sliramu ijek nesu to, dek?’’  pitakonku tak bolan-baleni nanging tetep wae ora ono jawabane.

Ndelalah, lagi wae arep njikuk banyu, aku nemu kertas putih ono ngisor kendi, banjur tak woco.

‘’Kangmas, aku wes ora kuat urip bebrayan.  Pirang-pirang taun uripe awake dewe tambah soyo sengsoro. Aku pengen urip mulyo kangmas! Sore iki aku muleh neng nggone simbok . Njaluk pangapuramu yen aku salah, kangmas.’’

Bar moco layangmu, rasane atiku koyo di samber bledek. Luhku mbrebes mili, ngrasakne kahanan uripku sing koyo mengkene iki. Gek aku kudu kepiye?  Iklas ora iklas yo kudu iklas yen nyawang githokku dewe, derajat pangkat sing ora kuwat. Aku mung uwong ndeso, biasa urip rekoso, ora sugih bondho dunyo koyo penjalukmu.

''Duh gusti paringono kesabaran.''

Sangsoyo dalu sangsoyo sepi  kahanane omahku. Biasane jam semene iki aku lan sliramu ijek gojekan ono lincak karo ngrungokne radio.

‘’Sak iki aku dewekan ono kene, dek! Jan-jane sliramu ono ngendi? Kangmas kangen, dek!’’ batinku karo nahan kangen.

Wengi iki hawane adem tenan,  nyokot tekan balung, sarung sing tak enggo kemulan koyo wes ora kuwat nahan adem.  Klisa-klisi ora iso turu, glundang-glundung miring ngiwo miring tengen koyo semongko ora payu di dol.

Lamat-lamat seko kadoan krungu suoro radione tonggo sing lagi nyetel wayang, ringgit wacucal sedalu natas. Biasane sing seneng nyetel wayang kuwi mbah sastro, bakul kloso sing kondang neng ndesoku kene. Udutane rokok klobot, kebal-kebul ngasi pipine kempot. Jam semene iki ijek sregep ngayam kloso di kancani bojone, jian setia tenan wongtuo iki. Arepo ora di paringi putro kalih sing moho kuoso nanging ijek iso urip bebrayan ngasi tekan sak iki.

''Gusti Alloh niku pancen moho adil.'' batinku.

Lagek kepenak nglaras karo ngalamun aku kaget, jam dinding sing nempel ono gebyokku muni.

Teng .. teng … teng … ping rolas cacahe.

Krungu suoro jam atiku rasane tambah koyo di iris-iris, dadi kelingan jaman semono. Jam dinding sing ono alarme iki hadiah ulang taunku.  Sliramu nate kondo yen jam iki ono alarme, ben ora telat yen arep mangkat lungo makaryo. Aku mung iso mesam-mesam, banjur tak ambung pipimu, jian atiku bungah tenan wektu iku.

''Sundari ... sundari ...''

Siti Sundari seng dadi bojoku iki anake lurah, biyen hubungane karo aku di kiwiti yang-yangan koyo lumrahe cah enom. Senajan anake wong sugih, nanging iso tak ajari nriman, nganti iso ngerti carane ngrasake urip ayem ning ndeso.

Saking nrimane, yang-yangan wae tak sambi karo angon wedus, mreceli kayu, pokoke lungo neng ngendi wae mesthi runtang-runtung ora gelem pisah. Lali pangkat derajate wong sugih, koyo mimi lan mintuno. Pokoke romantis tenan yang-yangane, marai gawe meri wong sing podo macul ono ngalas.

Kawit sekolah kulino sinau bareng, pelajaran sing rodo susah  di pelajari bareng-bareng. Aku rumongso bocah ndeso tur anakke wong ora nduwe kudu sregep sinau. Senajan uripku pas-pasan nanging gusti Alloh maringi kepinteran, mulane bijiku apik-apik.  Dadi, wong tuone ora nyeneni yen kekancanan karo aku. Nganti wayahe lulus, siti sundari di daftarke kuliah karo wong tuone.

‘’Melu seneng  aku, dek. Yen sliramu ketompo perguruan tinggi.’’ ujarku karo ngelus-elus rambutmu.

Nanging ati seneng iki ora suwe, jalaran wong tuone siti sundari marani aku karo ngomong yen siti sundari ojo digondeli tresno. Supoyo iso luwih duwur anggone nggayuh cita-citane wongtuo. Kudu iklas yen siti sundari kuwi entuk jodo sing podo derajat lan pangkate .

(Bersambung)
Oleh : Satrio si juragan kodhok