Kamis, 10 Agustus 2017

Ember Werno Biru


Sore iki aku koyo wong bingung, thingak thinguk nggoleki ember. Aku iki ora iso adus yen ora nganggo ember kesayanganku kuwi.

''Sing nyilih sopo, yo?'' batinku karo kukur-kukur rambut. ๐Ÿคจ

Tak goleki mburi omah ora ono, wetan omah ora ono, kulon ngomah yo ora ono. Opo dicolong tukang pulung? Biasane yen wayah esok akeh tukang rongsok slutha sluthu mlebu pekaranganku.

''Ojo-ojo emberku kuwi digondol ufo? Kuwi lho makhluk luar angkasa sing numpak piring terbang. Sopo ngerti emberku arep dingo isah-isah piring Alien. Iyo sopo ngerti, wong sak iki jamane jaman milenium.'' batinku. ๐Ÿคจ

Daripada bingung mending takon Mamak, sopo ngerti ngrumati emberku.

‘’ Mak, emberku kok nggak ada?’’ tanyaku.

‘’ Emang!’’ jawab emak.

‘’ Dibuang ya, Mak?’’ tanyaku lagi.

‘’ Iya, tadi pagi udah Emak kanyutin di kali sunter.’’ Jawab emak sambil ngaduk-aduk masakannya.

‘’Kenapa dibuang, Mak?!’’ tanyaku lagi, mulai panik. ๐Ÿ˜ฎ

‘’Biar kamu nggak sial terus. Itu ember yang ngasih Srinthil, Kan? Dia itu udah ninggalin kamu, jangan mikirin dia lagi. Udah ikhlasin aja, ember buluk begitu ngapain disimpen-simpen!.’’ jawab emak.

‘’ Emaaakkk .... !!!’’ ๐Ÿ˜ฅ๐Ÿ˜ฅ๐Ÿ˜ญ๐Ÿ˜ญ

Tak terasa air mataku menetes deras, menangis sesenggukan, rasanya sedih banget. Padahal ndek wing sore bar tak kumbah resik, tak sabuni nganggo sabun mlenyek.

‘’Arepo wujudmu mung ember, ning atiku iso ayem. Aku dadi kelingan sliramu terus, Sri.’’ ๐Ÿ˜Š๐Ÿ˜๐Ÿ˜˜

Sore iki aku ora sido adus, rasane males tenan. Gur kepengin anteng meneng, nyawang gerimis rintik-rintik seko cendelo kamarku. Pengin rasane aku ngungkapke kesedihan ati iki lewat puisi, ben roso tresnoku iso kegowo angin. ๐Ÿ˜ฅ๐Ÿ˜ข

Oh Ember ...
Kenopo koe tego ninggalke aku?
Taukah kau?
Tanpamu aku rapuh ... rapuh ... rapuuuh ...!!!!!

Ujug-ujug Mamakku teko, ‘’Mandi sana! Magrib-magrib ojo berisik! Ngganggu orang lagi Ibadah!’’

‘’Iya, Mak.’’ jawabku. (nunduk sedih)

Anduk sing ono sampiran tak sampirne ono pundakku, pikiranku ijik ora karuan. Ember biru kuwi pancene ember kesayanganku, kenang-kenangan seko Srinthil, mantan pacarku. Aku ora kepenak yen dewekke takon, ember kui ijik disimpen opo ora.

Ikhlas ora ikhlas yo kudu iklas, lha wong barange wes ilang opo yo arep digetuni terus. Nanging, dadi wong lanang kuwi kudu wani tanggung jawab. Arepo wanine mung seko tlepon.

‘’Hallo … Sri … Srinthil …?’’๐Ÿ™‚

‘’ Opo, Mas.’’

‘’Ember biru kenang-kenangan sing seko kowe kae ilang. Aku njaluk ngapuro, yo?’’

‘’ Iyo. Ora opo-opo, Mas. Sing uwis yo uwis. Yo wes yo, aku lagi karo tunanganku.’’

Tut ... tut ... tut ...

Bar tlepon atiku tambah mak gregel, rasane koyo di entepi watu sak pundung. Luhku mbrebes mili, nelesi dodoku ngasi tembus tekan njero atiku. Rasane nelongso tenan, ngrasakne kahanan uripku sing koyo mengkene.

‘’Gek aku kudu kepiye? Duh Gustiii …!!’’ ๐Ÿ˜ฅ๐Ÿ˜ช

Yen digagas-gagas pancen lucu, gur goro-goro Ember aku dadi uring-uringan nggak jelas. Ora enak mangan, ora enak turu, arep adus males, penakke gur dinggo ngrungokne lagu sing melow-melow.

♪ ♫ Wis sak mestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dada ♪ ♫

Lagu durung rampung luhku mbrebes mili, kelingan naliko jaman semono. Aku lan sliramu mlaku-mlaku menyang prapatan. Ndelalah durung tekan prapatan malah kudanan. Wektu iku udane dueres tenan, tanganmu tak gandeng banjur tak jak ngeyup ono warung lesehan.

‘’Sri .. sri … srinthil … Mosok kowe lali to Sri?’’

Tekan semene aku ijik ora percoyo, yen uwong sing tak tresnani iso mlenjani janji. Ikhlas ora ikhlas yo kudu ikhlas wong kenyataane koyo mengkono. Mosok wong ora seneng arep tak pekso kon seneng.

‘’Yo wes Sri … sak karepmu kono.’’batinku

Kuat ora kuat yo kudu kuat, mosok dadi wong lanang cengeng, jenenge ngisin-isini. Jare Mamakku, ‘’Wong wedok kuwi ora gur siji, akeh tunggale. Urip pisan ora usah digawe nelongso. Kowe kuwi bocah bagus lee … wes percoyo wae … mengko mesthi entuk jodoh sing ayune koyo widodari.’’

Bener ngendikone mamakku, dadi wong lanang kuwi ojo gampang putus asa. Opo meneh mung goro-goro wedokan. Wong lanang kuwi imam, pemimpin, pemimpin kuwi kudu gagah, kudu kuat ngadepi cobaan. Ora gur klentrak klentruk koyo pitik brondol sing ilang wulune.

Jane yen dipikir yo lucu tenan. Ora lucu kepiye, wong aku karo Srinthil kuwi pedote wes suwe. Sak iki wes ora ono hubungan opo-opo. Yo gur tkolomongso ijik sok tlepon, chating, karo smsan. Sekedar takon kabar, ora luwih seko kuwi.

‘’Tapi, kok bisa ya?’’

Yo iso wae, apa sih yang mungkin kalau menyangkut soal mantan. Apalagi dia itu orang yang paling kita cintai. Intine, aku iki durung iso move on. Ijik kelingan terus, kelingan masa-masa indah. Opo meneh nek kelingan pas de'e ngesun pipiku. Duh biyuuung ... rasane neng ndodo deg deg ser ora karuan.

''Duh ... Srinthil srinthil ...’’ ๐Ÿ˜ข๐Ÿ˜ญ๐Ÿ˜ญ

Oleh : Satrio Damar Setiadji
Cerpen : Gending katresnan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar