Sabtu, 11 Oktober 2014

Loro Untu

Sore iki tangi turu awakku rasane lungkrah, rasane males, arep lungo adus aras-arasen, hawane gur pengen mlungker mapan turu. 

ket mau esok ati rasane mangkel, opo wae seng tak pangan mesti nyelip ono untu. Untuku rasane snut-snut ora karuan. Gusiku dadi aboh guedi koyo bar di entup tawon. Boro-boro arep dinggo ngguyu, dinggo mangap wae untuku loro. Isane yo gur plorak-plorok, plentas-plentus, thingak-thinguk koyo enthung karo nyawang kahanan seng soyo bubrah.

Ora ngertio, yo koyo mengkene iki wong ngrasakne loro untu, rasane jian ora karuan tenan. Arep tumandang gawe ora iso, arep dinggo ngopo-ngopo yo ora iso. Dinggo miring salah, dinggo mlumah salah, dinggo njengking salah, opo maneh dinggo mengkurep rasane malah tambah cekut-cekut. Arep lungo neng dokter males, arep lungo neng dukun, dukune podo sibuk ngurusi togel.

‘’Yo weslah aku pasrah.’’

karepe ben cepet mari tak tambani dewe nganggo koyok cabe. Pipi tekan guluku rembel tak tempeli koyok. Rasane dadi anget, kepenak tenan.

''Badhalaa ...!'

Soyo suwe lha kok malah koyo ngene rasane, malah soyo panas pipiku. koyok cabe seng nempel ono pipiku reaksine tambah soyo parah. Pipi tekan guluku dadi perih, panas, cemlekit rasane. Koyok cabe seng podo nempel ono pipiku tekan guluku kuwi tak copoti kabeh. karepku tak pasangi koyok kuwi ben cepet mari, lha kok malah dadi melepuh koyo ngene, panase ora gelem ilang.

Ben cepet ilang panase, pipiku tak kompres nganggo es batu. Rasane anyes, dadi adem pipiku. Nanging yo gur pipine thok seng adem, bareng wes ilang ademe untuku dadi kumat maneh, rasane tambah senut-senut ora karuan.

‘’Oalah ... Njajal tak cobane dinggo mapan turu, sopo ngerti nek dinggo mapan turu dadi ilang larane.’’

Ndelalah lagi arep mapan turu ono wae masalahe, tonggoku seng rodok kenthir malah nyetel lagu dangdutan bukak sithik joz karo joget-jogetan enek tengah nglatar, karo clekenthak clekenthik koyo walang sangit. Lagune jedang jedung mbrebeki kuping …

‘’Aduh biyuuung ...!’’

Lagi judeg ngrasakne untu loro, teko meneh masalah anyar. Anakke tonggoku seng nakale ndubilai teko dolan mrene.

‘’Om Sakit apaan? Kok pipinya bengkak begitu? sakit ya, Om!’’

Aku jane males nanggepi bocah iki, soale nakale puol tenan.

‘’Sakit gigi, dek. jangan dipegang, ya? Ntar om kesakitan klo di pegang.’’

Durung sempet nerusne omonganku bocah cilik kuwi malah nabok pipiku.

‘’Plaaakkk ... Tepoookkk ...

‘’Aduuuh biyuuung ...! Bocah sempruuulll ...!’’

‘’Xixixixi … sakit, ya om?’’

Bar nabok pipiku bocah cilik kuwi langsung brabat mlayu karo ngece aku seko kadoan. Cengar cengir dewe karo ngedongi bokong .

Keronto-ronto tenan nasipku dino iki, goro-goro ditabok untuku malah tambah dadi aboh guedi, rasane tambah ora karuan.

‘’Simboooookkk …!!’’

- Oleh : ''Satrio si Juragan kodhok'

Tidak ada komentar:

Posting Komentar