Minggu, 09 Maret 2014

Loro untu























Loro untu

Esok iki awakku rasane lungkrah, arep mangkat lungo kerjo males, arep lungo adus aras-arasen hawane gur pengen leyeh-leyeh ono mbale.

ked mau bengi ati rasane mangkel opo wae seng tak pangan mesti nyelip ono untu. Untuku rasane dadi snut snut ora karuan. Gusiku dadi aboh guedi koyo bar di entup tawon, boro-boro arep dinggo ngguyu dinggo mangap wae untuku loro. Isane yo gur plorak-plorok plentas-plentus thingak-thinguk koyo enthung karo nyawang kahanan seng soyo bubrah.

Jebule koyo mengkene iki  ngrasakne loro untu. Untuku rasane jian ora karuan tenan arep dinggo ngopo-ngopo dadi males, dinggo miring salah dinggo mlumah salah dinggo njengking salah opo maneh dinggo mengkurep malah tambah snut-snut rasane. arep lungo neng dokter males, arep neng dukun dukune malah mriang soale dukune melu-melu loro untu  =D

‘’Yo weslah aku wes pasrah.’’

karepe ben cepet mari tak tambani dewe nganggo koyok cabe, pipi tekan guluku rembel tak tempeli koyok cabe rasane anget kepenak tenan.

''Badhala....’’

 Soyo suwe lha kok malah koyo ngene rasane malah soyo panas pipiku. soyo suwe malah ora kuat nahan panas pipiku dadi perih rasane. Koyok cabe seng podo nempel ono pipiku tak copoti kabeh, karepe di pasangi koyok ben cepet mari malah dadi melepuh koyo ngene panase ora ilang-ilang jian puool tenan panase.

karepe ben cepet ilang panase pipiku tak kompres nganggo es batu, rasane anyes dadi adem nanging yo gur pipine thok seng adem. Bareng wes ilang ademe untuku dadi kumat meneh, bar dikompres nganggo es batu rasane malah tambah  senut-senut dadi ora karuan.

‘’Oalah…  Njajal tak cobane dinggo mapan turu, sopo ngerti nek dinggo mapan turu dadi ilang larane.’’

Ndelalah lagi arep mapan turu ono wae masalahe tonggoku seng rodok kenthir malah nyetel lagu dangdutan bukak sithik  joz karo joget-jogetan enek nglatar clekenthak clekenthik koyo walang sangit. lagune  jedang jedung mbrebeki kuping….

‘’Aduh biyuuuung!’’

lagi bingung ngrasakne untu loro teko meneh masalah anyar anake tonggoku seng nakale ndubilai teko dolan mrene....

‘’Om Sakit apaan! Kok pipinya bengkak begitu sakit, ya om!’’

Aku jane males nanggepi bocah iki soale nakale puol tenan.

‘’Sakit gigi dek! jangan dipegang, ya! Ntar om kesakitan klo dipegang.’’

Durung sempet nerusne omonganku bocah cilik kuwi malah nabok pipiku

‘’Plaaaaaak! Tepoooook!! sakit, ya om?’’  =D

Bar nabok pipiku bocah cilik kuwi langsung brabat mlayu karo ngece aku seko kadoan cengar cengir karo ngedongi bokong. =D

‘’Aduuuh biyuuung! Bocah sempruuuuullll!!’’

Keronto-ronto tenan nasipku esok iki goro-goro di tabok bocah semprul kuwi
untuku malah tambah aboh guedi rasane malah tambah ora karuan.

- Juragan kodhok/09/03/2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar