Jumat, 03 April 2015

Gending Katresnan

Jaman biyen naliko aku iseh bayi, aku mung iso gandulan ono gegere simbok. Wes ora perduli boyoke simbok kekeselen opo ngasi sempal gegere, pokoke waton nemplok ono gegere simbok atiku seneng.

Rasane atiku ayem digendong ono njero slendange batik kawunge simbok, arep lungo menyang ngendi wae mesthi dituruti. Aku ora gelem mudun yen durung ditukokne jajanan.

Opo maneh yen aku nduwe kepinginan ora keturutan sithek, rasane kudu nesu-nesu. Opo wae sing ono ngarepku tak pancali, tak guwangi, banjur nangis geroh-geroh karo klesetan.

Simbok sak niki sampun sepuh, rambute wae wes putih kabeh, kulite wes pating njlekitut, tapihan jarikke ajeg mlorot dewe yen ora ditaleni. Yen ngompol malah tak seneni, banjur tak kandani koyo bocah cilik. Jaman biyen yen aku ngompol malah di guyu karo simbok, dilileng-lileng karo dinyanyekne tembang gending-gending katresnan.

Simbok sak niki pun mboten saget nyambut damel. Jaman biyen ijek kuat mbopong kayu, mlaku seko ngalas tekan ngomah di sambi nggendong aku. Sak niki angkat junjung pun mboten kuat, nggowo awake dewe wae wis sempoyongan. Simbok sak niki sampun pikun, mlaku yo wes ora kuat adoh, mung mrambat-mrambat kudu nganggo teken, sabendinane glemetak ono kasur karo nyawang tipi.

Simbok mboten mbales nangis geroh-geroh karo kleset-klesetan yen nduwe pepengenan koyo aku mbiyen ndek ijek cilik. Yen ajeng dahar mundhut panganan utowo liyane mung mesam-mesem, ngenteni uwong ngomah liwat ono ngarepane banjur njaluk tulong.

Yen pengen lungguh neng ngarep omah, opo kepengen neng mburi omah, simbok ora ngendikan opo-opo, ora njaluk tulung lan bengak-bengok koyo cilikanku. Ngerti-ngerti wes ngadek dewe karo rambatan, emoh yen ditulung.

‘’Duh gusti Alloh ...!’’ aku mung iso nututi simbok seko mburine, atiku kuatir tenan.

Jare simbok ijek urung rumongso tuo, ijek iso nglakoni dewe. Simbok ora pengen yen wes tuo malah ngrepoti anak-anakke lan putu-putune.

‘’Simbook … Mbok yo mbales aku to Mbook ...! Ora ketang muring-muring, ben lunas kelakuane anakmu sing nakal iki.’’

Http://indosatrio80.blogspot.com/
█│║▌║││█║▌│║▌║©

Tidak ada komentar:

Posting Komentar