Rabu, 17 Desember 2014

Gending katresnan 6

Esok iki motoku ijek kriyep-kriyep nahan ngantuk. Sebabpe mau bengi ora iso turu goro-goro awakku kekeselen, rasane lungkrah koyo bar di uyak-uyak jaran. Ndek wingi, sedino muput aku ngewangi macul karo ngusungi rabuk nggone morotuo.

Muleh seko macul aku ketemu sliramu ono pingger kali. Tak sawang-sawang malah ndingkluk koyo ora reno penggalie. Tak takoni apik-apik ora gelem semaur, bareng tak cedaki sliramu malah mlengos.

''Lho ... ono masalah opo to, dek?''

Durung sempet njawab pitakonku, sliramu malah mlayu karo nutupi rai tanpo noleh mburi. Banjur tak playoni, tak tututi seko mburi ngasi srandal swallowku pedot srampate.

''Embuh, aku yo ora ngerti kenopo dino iki bedo adatmu. Opo salahku, aku yo ora ngerti.'' batinku karo ngelus dodo.

Tekan ngomah peteng remeng-remeng, pas wancine adzan magrib. Koyo biasane,  jam semene iki aku lagi wae muleh seko ngalas, banjur lungo sholat magrib ono plataran watu cedak sumur. Rampung sholat aku pengen nemoni sliramu, pengen ngerti ono masalah opo.

Bareng tekan ngarep lawang aku kaget, lawange ngablak-ablak ora di kunci, lampu sentir durung diuripno, omahku dadi peteng ndedet koyo kuburan.

‘’Dek , kangmas muleh!’’  pitakonku marang sliramu karo nyumet lampu sentir.

‘’Di takoni ora gelem semaur, opo sliramu ijek nesu to, dek?’’  pitakonku tak bolan-baleni nanging tetep wae ora ono jawabane.

Ndelalah, lagi wae arep njikuk banyu, aku nemu kertas putih ono ngisor kendi, banjur tak woco.

‘’Kangmas, aku wes ora kuat urip bebrayan.  Pirang-pirang taun uripe awake dewe tambah soyo sengsoro. Aku pengen urip mulyo kangmas! Sore iki aku muleh neng nggone simbok . Njaluk pangapuramu yen aku salah, kangmas.’’

Bar moco layangmu, atiku rasane koyo di samber bledek. Luhku mbrebes mili, ngrasakne kahanan uripku sing koyo mengkene. Gek aku kudu kepiye?  Iklas ora iklas yo kudu iklas yen nyawang githokku dewe, derajat pangkat sing ora kuwat. Aku mung wong ndeso, biasa urip rekoso, ora sugih bondho dunyo koyo penjalukmu.

''Duh, gusti ...!'' batinku karo ngelus dodo.

Sangsoyo ndalu sangsoyo sepi  kahanane omahku. Biasane jam semene iki aku karo sliramu ijek gojekan ono lincak karo ngrungokne radio.

‘’Sak iki aku dewekan ono kene, dek! Jan-jane sliramu ono ngendi? Kangmas kangen, dek!’’ batinku karo nahan kangen.

Wengi iki hawane adem tenan,  nyokot tekan balung. Sarung sing tak enggo kemulan koyo wes ora kuwat nahan adem.  Klisa-klisi ora iso turu, glundang-glundung miring ngiwo miring nengen koyo semongko ora payu di dol.

Lamat-lamat seko kadoan krungu suoro radione tonggo sing lagi nyetel wayang, ringgit wacucal sedalu natas. Biasane sing seneng nyetel wayang kuwi mbah sastro, bakul kloso sing kondang neng ndesoku kene. Udutane rokok klobot, kebal-kebul ngasi pipine kempot. Jam semene iki ijek sregep nganyam kloso di kancani bojone, jian setia tenan wongtuo iki. Arepo ora di paringi putro kalih sing moho kuoso nanging ijek iso urip bebrayan ngasi tekan sak iki.

Lagi kepenak nglaras karo ngalamun aku kaget, jam dinding sing nempel ono gebyokku muni.

Teng .. teng … teng … ping rolas cacahe.

Krungu suoro jam atiku rasane tambah koyo di iris-iris, kelingan jaman semono. Jam dinding sing ono alarme iki hadiah ulang taunku.  Sliramu nate kondo yen jam iki ono alarme, ben ora telat yen arep mangkat lungo makaryo. Aku mung iso mesam-mesam, banjur tak ambung pipimu, jian atiku bungah tenan wektu iku.

Siti Sundari seng dadi bojoku iki anake lurah, biyen hubungane karo aku di kiwiti yang-yangan koyo lumrahe cah enom. Senajan anake wong sugih, nanging iso tak ajari nriman, nganti iso ngerti carane ngrasake urip ayem ning ndeso.

Saking nrimane, yang-yangan wae tak sambi karo angon wedus, mreceli kayu, pokoke lungo neng ngendi wae mesthi runtang-runtung ora gelem pisah. Lali pangkat derajate wong sugih, koyo mimi lan mintuno. Pokoke romantis tenan yang-yangane, marai gawe meri wong sing podo macul ono ngalas.

Kawit sekolah kulino sinau bareng, pelajaran sing rodo susah  di pelajari bareng-bareng. Aku rumongso bocah ndeso tur anakke wong ora nduwe kudu sregep sinau. Senajan uripku pas-pasan nanging gusti Alloh maringi kepinteran, mulane bijiku apik-apik.  Dadi, wong tuone ora nyeneni yen kekancanan karo aku. Nganti wayahe lulus, siti sundari di daftarke kuliah karo wong tuone.

‘’Melu seneng  aku, dek. Yen sliramu ketompo perguruan tinggi.’’ kandhaku karo ngelus-elus rambutmu.

Nanging ati seneng iki ora suwe, jalaran wong tuone Siti Sundari marani aku karo ngomong yen siti sundari ojo digondeli tresno. Supoyo iso luwih duwur anggone ngayuh cita-citane wongtuo, kudu  ikhlas yen siti sundari kuwi entuk jodo sing podo derajat lan pangkate.

Ora suwe, mung lewat telpun Siti Sundari njaluk pangestu, . Jarene deweke yen minggu ngarep arep nikah,

‘’Aku kepekso nompo lamaran, Mas! Aku kudu nuruti kekarepane  bapak lan ibuku.’’

Krungu kabar koyo mengkono kuwi aku gur iso ndingkluk, meneng, karo semende ono pinggiran gedhek. Thingak-thinguk koyo enthung karo nyawang kahanan sing soyo bubrah. Duh gusti, rasane dadi wong susah yo koyo mengkene iki, nduwe pacar siji direbut wong liyo.

Nanging aku kudu sadar, yen aku iki anakke wong ora nduwe.  Ora salah yen Wongtuone  njodoake Siti Sundari karo pegawe Negri sing  duwur pangkat lan derajate. Umpamane sido tak rabeni, mesthi aku bingung dewe ngadepi polae wongtuone.

Nikah durung ono setahun Siti Sundari telpun aku, deweke crito yen lagi ono masalah, banjur padu karo bojone. Bojone konangan nyenengi pegawe kantore, wetenge gendakane kuwi wes gondal gandul meteng limang sasi, banjur marani menyang oame.

‘’Aku wes ora kuat, Mas!’’ suarane siti ono telpun senggrak-senggruk arep nangis.

Aku mung iso wekasan, yen urip bebrayan kuwi pancen akeh godho lan pancobane, tansah kudu eling karo awake dewe, eling asale eling baline, lan eling karo sing nggawe urip.

Wengi  iki deweke telpun wes ono ping telu, hapeku bola-bali muni krang kring ono sms seko deweke.

“Mas, aku iso njaluk tulung? Sepisan iki wae! Yen masalahku wes rampung aku ora njaluk tulung maneh.” penjaluke siti, suorone ketok memelas.

Aku ora iso ngopo-ngopo,  isaku gur meneng wae, aku ora wani ngrusui rumah tanggane wong liyo.

“Tulung, Mas! Sepisan iki wae!” suarane Siti ono telpun karo nangis misek-misek senggrak senggruk.

Soyo suwe atiku trenyuh ngrungokne suarane, aku ora kuat ngrungokne tangise. Banjur tak takoni,

“Jan-jane ono opo to,  Dek? Opo sing iso tak ewangi?”

 Siti Sundari meneng ora njawab pitakonku, tangise ijek senggrak-senggruk. Ora let suwe atine deweke ketok wes adem, deweke banjur crito,

“Tulungono aku, Mas! kancani aku neng kene!  Aku mung ngarep-ngarep tekane njenengan.  Kangmas kudu iso teko mrene!” penjaluke siti, ketok mekso.

Aku bingung arep wangsulan kepiye, banjur takon deweke,

“Rak yo ono garwomu karo bapak ibumu to, Dek? Atiku ora kepenak!” kondhoku rodo atos.

Karo nangis Siti Sundari  ngomong,

 “Aku emoh, Mas! Emoh yen dikancani Bapak karo Ibuk, opo maneh Bojoku sing koyo asu kuwi, mung pengen dikancani jenengan ...!!”

Kaget ati iki ngrungokne pituture, mak jleb rasane.

”Loh … Ampun ngoten tho … nyebut dek … ora ilok ngediko koyo mengkono kuwi! Eling … kok iso ngono iki ceritane kepiye?” pitakonku karo ngelus dodo.

“Yo bener yen aku iki bojone, wes setahun omah-omah durung dike’i momongan. Aku wes ora iso nahan loro ati karo kelakuane sing sakgeleme dewe kuwi, Mas! Atiku ora iso ayem koyo biyen aku karo njenengan, Mas!

Aku ora iso angsulan opo-opo, banjur meneng wae ono telpun karo ngrungokne deweke crito.

‘’Pokoke dino iki Kangmas kudu ngancani aku, aku pengen ngrungokne njenengan crito naliko awake dewe ijeh yang-yangan, urip ning ndeso, bungah susah awake dewe tansah seneng terus. Ayem tentrem sing bakal mbok critakke iki arep tak enggo sangu mati. Aku pengen mati wae, Mas! Aku kuwatir yen ono alame wong mati aku ora nemu ayem tentrem koyo biyen naliko ijeh karo njenengan, Mas!”

‘’Hush … mboten pareng ngediko koyo mengkono kuwi, Dek!! Saru … ora becik! Istigfar … Dek … Istigfar nyebut marang sing moho kuoso …!!’’ kandhaku.

Krungu penjaluke Siti Sundari sing koyo mengkono kuwi, rasane awak iki dadi lemes, aku ora iso semaur opo-opo, aku mung iso semendhe ono gedhek karo nyawang potone sing iseh  ono neng njero dompetku.

(Bersambung)
Oleh : Satrio si juragan kodhok

Tidak ada komentar:

Posting Komentar