Kamis, 31 Juli 2014

Stand up comedy Boso jowo

Judul : Parade si mbah galak

Dadi wong wedok mbok yo ojo galak galak to mbak, wedi aku. Mesthi angger tak takoni malah arep nyokot. Eling mbak eling, aku iki dudu panganan, tebake arem-arem wae arep mbok brakot.

Ora ngertio, nek awakmu mengko wes tuwo yo koyo ngene iki dadine, dadi mbah-mbah , elik , tuwik, uwanen tur rematiken. Nanging, arepo wes sepuh yo tetep iseh iso gaul, tetep wegah kalah karo cah enom. Saben esok melu olahraga pitnes nggabung karo konco-koncone. Melu jogging, lari marathon, angkat besi, karo melu-melu adu engkol (lomba panco).

Biasane sedino adus pisan yen wayah esok thok, iki sore-sore wes mangkat lungo adus. Jian kadingarenan tenan.

‘’Opo mergo wengi iki ono pasar malem, yo?’’ batinku, soale arep takon ora wani.

Bar adus, mbah putrie banjur duandan uayu, ngagem jarik motif blorok blentong-blentong gambar pithek angrem. Keleke digrujuk nganggo lengo wangi kembang melati, rambute diminyaki nganggo lengo klentik cap kodok mesem. Jare simbah …

''Ben ketok enom, yu! Pokoke aku wegah kalah karo cah enom. Cah enom sak iki isane gur podho kemlinthi, thok!’’

‘’Tak lelo … lelo lelo … ledung …, dandan wes rampung, wes wangi, aku gari mangkat budal.’’ mbah putrie mesam-mesem dewe ngadep koco kemilon karo mlaku jentat- jentit ngalor –ngidul.
*
aku seng enek kene melu mesam-mesem dewe seko kadoan. Sebabpe, arep takon ora wani, wedi nek salah, wedi nek simbah galak kuwi nesu banjur nyeneni aku. kadingarenan tenan mbah putrie yahmene sampun pakpung. Njajal aku arep takon, sopo ngerti aku ora diseneni.

''Mbah putrie badhe tindak pundi? Sampun sonten niki, wonten nggriyo mawon, nggeh?’’

''Sopo seng arep lungo! Aku gur arep lungguh nyenuk ono kene kok, le. Lha kowe ngopo takon-takon? Arep njajakke aku, pow? Nek ora njajake rasah tokan –takon! Nek kowe kuwi anteng malah nggantheng tenan kok, lee!’’ jare simbah karo goal-gail mbenakne jegule.

‘’Nggeh, ngapunten sanget menawi klentu. Mboten sah nesa-nesu ngoten, to! Mangke malah ilang ayune. Mbah putri, njenengan wau mesen jajanan nggeh? nggeh mpun mangke kulo jajakne . Lha simbah kersone nopo? Pokoke mangke kulo tumbasne. Onde-onde , marning , chiki , kacang atom jadah goreng, nopo kuaci mawon seng regine murah? Wes regine murah tur angsal kathah. Pripun, Simbah kersone nopo? Mangke kulo tumbasne.’’

''Bocah kurang ajar …!! Wes ngerti nek aku iki wes ora nduwe untu …!! Malah arep mbok pakani seng ora nggienah …!! Ndang reneooo …! Ndang reneo lee tak gebuk sapu gundolmu ...!! Ojo mlayuu …! Ojo mlayu kowe, lee …! Jianjane kowe kuwi anake sopo tow, lee? enek perlu opo dolan rene?’’

‘’Ngapunten …, ngapunten sanget nggeh, mbah! kulo niki rencange juminten, putrine njenengan. Sowan teng mriki badhe silaturahmi.’’ ( atiku langsung deg-degan siap-siap arep mlayu )

‘’Opoo …!! Kowe pacare anakkuu …! Bocah ora nggienaah …! Lha kowe kuwi anakke sopo to, lee? Wani-wanine macari anakku. Wes rambutmu guondrong krebo! Awakmu kebak tatoan, pakeanmu semrawut, dasar bocah koyo wong edaaan …!! Rasakno iki tak gebuk sapu gundolmuu …!!’’

‘’Tebuukkk … buuuk… Tebuuk …

‘’Adaaawww …!! Aduuh biyuung …! Simbook …!’’

Aku langsung brabat mlayu sipat kuping tanpo noleh mburi. Ora sengojo aku malah nabrak pager, nabrak kandang pithik, banjur pithike sak kandang bubar ucul kabeh. Nabrak bakul cilok sing lagi asik numpak pit.

‘’Gubrraaakkk … Byuuurrr …

Cilok sak dandang utah kabeh ono tengah ndalan. Cilok bunder-bunder ngglinding tekan ngendi-endi, malah dinggo rebutan karo phitik sing ucul mau, digondoli ngalor ngidul.

Niate, aku arep nulung bakul cilok kuwi, malah dadi ngguyu kemekel kepingkel-pingkel. Bakule cilok ngamuk, muring-muring, njaluk ganti rugi jarene.

(bersambung)
- Salam santun saya ‘’Satrio’’ si juragan kodhok

Tidak ada komentar:

Posting Komentar