Kamis, 17 September 2015

Goro-goro Tresno

Jarene Mbah buyut ‘’Tresno kuwi jalaran soko kulino’’, kulino ajeg sesrawungan sabendino. Soyo suwe nuwuhake roso tresno ono ing sajroning ndodo. Banjur runtang runtung ngalor ngidul, gandengan tangan koyo mimi lan mintuno.

Bedo karo kahanan uripku sak iki. Arepo sabendino ketemu dewek’e, nanging aku durung iso ngrasakne opo sing jenenge tresno lan ditresnani. Ibarate koyo wong madang lawue ora cocok. Segone dipekso diemplok ora gelem kolu, banjur diombeni banyu ben keli segone.

‘’Sweger tenan, Mbokmu!!’’

Nduwe bojo kudune iso gawe bungahing ati. Lha iki, malah prengat prengut, penjab penjeb, koyo uwong ora reno penggalie. Ditakoni malah nyentak, dikandani reko-reko ora krungu. Senenge yen aku pas gajian thok, bar kuwi kumat meneh.

Seko jamane pacaran ngasi tekan sak iki dadi bojomu ono wae masalahe, masalah siji durung rampung teko meneh masalah anyar,.

‘’Karepmu jane opo to, Dek?Janjane sliramu kuwi tresno tenanan ora? Kok yo sio-sio tenan karo Kangmasmu.’’

Dadi wong lanang kurang kepiye aku iki, jam papat esok aku wes tangi banjur sholat subuh. Bar sholat subuh masak banyu banjur lungo metu nggolek sarapan kanggo sliramu. Bar nggolek sarapan banjur umbah-umbah ono sumur, ngumbai dastermu karo ngumbai jeroanmu. Umbah-umbah wes rampung mangkat lungo adus, bar adus banjur budal mangkat kerjo. Arep pamit sliramu ora iso sebabpe sliramu iseh mlungker angler turu.

‘’Dek, Mas pamit dulu, ya? Mas berangkat kerja nggeh.’’ ( sambil ngecup keningmu )

Tekan kantor jam setengah wolu langsung nggolek sarapan ono kantin. Mesen teh anget karo mesen sotone mbah surip. pas lagi arep nyruput teh anget ujug-ujug hape esiaku muni….

‘’tulalit …tul …tul …tulaliit …

‘’Wah sopo iki?’’ bareng tak delok hapeku jebule woro sembodroku.

‘’Hallo Dek. Selamat pagi … sudah bangun, ya?’’

‘’Maaass …! Aku tangi turu kangmas wes ora ono, kangmas mangkat kerjo ora pamitan. Itu cucian durung dijemurin, ya? Wegiaaah aku kon njemuuuriiiii Maaass …!!’’

‘’Tut …tut … tut … durung sempet tak jawab telpune wes dipateni

Jian urip pisan kok yo sengsorone koyo ngene, nelongso tenan atiku. Rasane remuk, koyo ditibani beras sekarung. Wes bola-bali tak kandani, aku iki wegah nek dikongkon njemuri klambimu. Wisin tenanan aku Dek! Mosok wong lanang kon njemuri jeroanmu.

‘’Wegah, aku wegiaaah, Dek …! Aku isin sabendino disindiri karo tonggo kiwo tengen.''

‘’Mas! Rajin banget pagi-pagi udah nyuci. Isterinya ke mana, Mas? Lagi nglahirin, ya? Mau dong nitip cucian?’’ karo nyengir kedip-kedip mata genit.

Sak naliko raiku dadi abang mbranang. Nahan isin, nahan entut, nahan struk, ditambah motoku ngantuk sisan. Awaku dadi mriang, panas dingin, tensi darah naik, endas mumet, gerah wojo , asam urat kumat, turun bero, ditambai bisulku miar miar arep njedot.

‘’Hiks, Simboook … aku wes ora kuaaat Mbookk … aku arep muleeeh Mbookk ...’’

- Oleh : 'Satrio Damar Setiadji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar