Selasa, 10 Maret 2015

Wong Nandur Bakale Ngunduh

‘’Srupuuuttt ….

‘’Aahh … Sweger tenan ….’’ Painem nyruput kopi karo manthuk-manthuk ngrungokne mp3.

♪ ♫ Ojo podho nelongso jamane jaman rekoso
Urip pancen angel kudune ora usah ngomel
Ati kudu tentrem nyambut gawe karo seneng
Ulat ojo peteng, nek dikongkon yo sing temen ♪ ♫

Tangane ora iso anteng, uthak-uthik nyekeli keypad hape. Ora let suwe dewekke ngguyu kemekel, sajakke atine bungah.

‘’Xixixixixi … Surti … Surti … dadi uwong ko’ yo nemen tenan bodhomu.’’ batine Painem, ngece surti sing lagi sibuk nyambut gawe dewe.

Jam 07 : 00 esuk, Painem karo surti mangkat lungo kerjo. Tekan kantor banjur kerjo bareng, resik-resik, nyapu, ngepel, karo nyiapne gelas piring kanggo acara kantor. Dino iki kantore ono acara ulang tahun perusahaan, anak-anak cabang perusahaan podo ngumpul ono kene kabeh. Molakne Painem karo Surti adoh-adoh dino wes diwanti-wanti si bos kudu mangkat gasik.

‘’Painem, Surti. Hari minggu nanti kantor kita mau ada acara. Kamu berdua berangkat pagi, ya? Jangan lupa pakai baju seragam yang rapi.’’

‘’Njeh, Pak. Saya siap.’’

Painem sing rumongso gur dadi pembantu males-malesan kerjone. Seko jam pitu tekan jam wolu dewekke gur lap-lap piring, ora rampung-rampung, piring sing wes resik malah dilap meneh, ben ketok nyambut gawe batine. Dewekke ngguyu kemekel saben ono karyawan sing arep njaluk tulung, bali cengkelak soale ndelok painem ijek sibuk lap-lap piring.

‘’Halah … Ngopo kerjo mempeng-mempeng! Gaji ora mundhak-mundhak! Sing sugeh rak gur bose thok!’’ batine Painem karo mbesengut.

Bedo karo Surti, dewekke pancen rajin nek nyambut gawe. Arepo tugase wes rampung ijek gelem ngewangi karyawan liyane. Noto mejo, noto kursi, masang taplak mejo, karo melu ngusungi panganan seko catering.

‘’Hoaheeem …!!’’ Painem klakepan.

Kerjaane durung rampung dewekke malah mlipir-mlipir, arep ngumpet ono mburi. Ora perduli kerjaane ijek akeh opo sithik, sing ono pikiriane gur siji ‘LEREN. Tekan mburi banjur nggawe kopi susu, lungguh ono nggudang karo ngrungokne mp3.

‘’Mesakne tenan Surti. Mesthi sak iki kekeselen.’’ batine Painem.

Sedelo meneh acara wes arep rampung, Painem siap-siap arep muleh. Dewekke thingak-thinguk nggoleki Surti.

‘’Lungo ngandi bocah iki! Huft … paling dikongkan kongkoni sing aneh-aneh.’’ batine Painem.

‘’Mengko nek tekan ngomah bocah iki mesthi kudu tak kandani! Sesuk-sesuk nek kerjo ojo sregep-sregep, lha wong gajine wae podho.’’ batine painem karo lambene menjap menjeb.

Dewekke banjur mlipir-mlipir arep muleh, metu pintu karyawan sing siseh kiwo. Pas tekan pintu Painem ndelok Surti nganggo seragam kebaya werno coklat, apik tenan. Surti dadi among tamu, lungguh ono kursi bareng karyawan liyane. Dewekke mesem pas ono tamu ngajak salaman karo ngeke’i amplop putih, atine ketok bungah .

‘’Matur nuwun sanget njeh, Pak. Mugi-mugi perusahaane tambah lancar.’’

Painem penasaran, ‘’Opo isine amplop kuwi?’’

‘’Ck ck ck … pancen rajin tenan si Surti.’’ Suorone pak Satpam ngagetne Painem sing lagek asik ngalamun.

‘’Pak direktur seneng tenan karo kerjanane Surti, molakne dewekke dikon dadi among tamu, sedelo meneh malah diangkat dadi staf karyawan. Lha nek aku ijek enom yo mesthi bungah nompo rejeki sing koyo mengkono kuwi. Lha wong nggolek kesempatan seng koyo mengkono kuwi ancene angel tenan. Lha nek saben tamu ngekek’i amplop isine 50 ewu, gari ngetung wae nek sing ngekek’i wong akeh ngono kuwi.’’ Kandhane pak satpam karo gedek-gedek.

‘’Wow … Tenane?’’ bantine Painem.

Banjur dewekke takon Pak satpam, ‘’Aku gelem Pak?! Aku gelem … aku yo gelem, Pak!’’

‘’Wes … wes … wes … lalekno wae opo sing dadi kekarepanmu.’’ Sing njawab Pak manajer, ujug-ujug liwat ono mburine Painem.

‘’Kabeh uwong sing enek kene iki ngerti, yen awakmu nyambut gawe males-malesan. Kantor iki mbutuhake uwong sing sregep, ora butuh karyawan keset koyo kowe kuwi. Wes, gek muleh kono, turu sing angler, sopo ngerti ono sing menei duit berjut-jut, lha kepenak, tho?!’’ kandha pak manajer banjur lungo.

Painem ndingkluk, kisinan dewe, ‘’Nylekit tenan pokoke.’’

Note : Ojo ngenteni seneng nembe syukur. Nanging bersyukuro, awakmu mesthi bakal seneng.

- Oleh : Satrio si juragan kodhok

Tidak ada komentar:

Posting Komentar