Jumat, 06 Maret 2015

Wong Turu kuwi Mati pangane

‘’Nduk tangi, Nduk! Iki diampiri kancamu.’’ Simbok nggugah Painem sing ijek angler turu.

‘’Ng … mm ... ng … ijek ngantuk, Mbok!’’ semaure Painem, suorone ora jelas.

‘’Yo uwes nek ora gelem tangi.’’ kandhane Simbok, pasrah ndelok putrine sing angel gugahane.

Painem banjur ditinggal metu. Soyo suwe atine Simbok soyo anyel nyawang kelakuane putrine, sabendino gaweane gur mangan turu mangan turu. Ono ngomah ora gelem nyambut gawe, angger dikongkon nyambut gawe jawabane mengka mengko, ora kalap krewenge blass. Lumrae dadi wong wedok tangi turu kuwi sing dicekel sapu, lha iki sing cekel malah hape.

‘’Duh gusti … paringono sabar.’’ batine Simbok karo ngelus dodo.

Ora let suwe Simbok nemoni surti, kancane sekolah Painem. ‘’Nduk, Painem tak gugah ora gelem tangi.’’

‘’Nggeh sampun, Budhe. Pareng rumiyen nggeh?’’

‘’Iyo nduk, cah ayu. Sing ati-ati, yo? Aku yo arep mangkat nyang ngalas kok, Nduk!’’

Simbok banjur lungo menyang kandang pitik, telek pitik sing wes diklumpukne wingi-wingi banjur diwadai ono karung kresek. Telek pitik campur srinthil wedus kuwi dinggo ngrabuki jagung karo polowijo sing ono ngalas.

‘’Bismillahirohmanirohim …’’

Rabuk telek pitik campur srinthil wedus sing abote ono setengah kintal kuwi diangkat grieng karo simbok, banjur digendong nganggo slendang batik sing wernane wes kuluh. Simbok ora sambat, opo maneh nggersulo, tansah narimo opo sing dadi gaweane. Awan lan bengi Simbok ora bosen-bosen ndungo, nyenyuwun marang sing moho kuoso.

‘’Ojo kuatir, Nduk! Simbokmu iki ijek kuat nyambut gawe. Penjaluke Simbok ‘Sregepo sinau lan ojo lali sholat limang wektu.’’

Jam 09 : 30
Painem tangi turu. Motone ijek kriyep-kriyep nahan ngantuk, sebabpe mau bengi ora turu, sewengi muput dolanan hape. Tangi turu deweke klisa-klisi, thingak thinguk koyo enthung, wetenge keluwen. Banjur dewek'e lungo neng pawon, mbukak tutup panci, mbukak tutup sego, banjur njikuk gelas gondel.

‘’Eeeeggghhh …!!’’ Painem glegeken.

Dewek’e lungguh jigang, thiluk mangan sego adem turahane mambengi. Ono oseng-oseng buncis semangkok cilek, tempe goreng gari siji, sambel goreng, setengah toples iwak asin selar. Karo madang dewek’e mbatin, ‘’Alaaah … piket ono Sekolahan! Tiwas gur kesel thok ora enthuk opo-opo. Mending ono ngomah iso angler turu, iso mangan wareg. Nek dijak piknik neng Dufan aku mesthi gelem. Huft … mboseni tenan …!!’’

Bar madang painem banjur mlebu kamar meneh, dolanan hape karo nyetel musik. Soyo suwe ngrugokne lagu dewek’e ngantuk, liar-lier, ora let suwe angler turu.

Jam 12 : 00
Painem sing lagi angler turu kaget, surti kancane sekolah bengak bengok nyeluki dewek’e ono ngarepan omah.

‘’Nem … Painem … ndang tangio ...!! Gek endang metuo … tak kandhani …!!’’

Painem metu seko kamar karo klakepan soale ijek ngantuk, dewek’e ketok anyel turune diganggu.

‘’Ono opo, Sur?! Ngganggu wong turu, wae!’’

Surti banjur semaur, ‘’Mesakne tenan kowe, Nem! Mau bar piket sekolah ono Bu Camat niliki sekolahane awak’e dewe. Banjur murid-murid sing podho piket ditukokne panganan enak-enak. Iki lho Nem njajal deloken iki opo?’’

‘’Opo kuwi, Sur?’’

‘’Tiket gratis piknik neng DUFAN, Nem! Bu Camat mau ngajak murid-murid karya wisata, sesuk mangkate. Salahmu dewe mangesuk tak ampiri ora gelem tangi.’’ Kandhane Surti karo mesam-mesem, atine ketok bungah.

Painem ora iso ngomong opo-opo, pancen dewek’e wes suwe nduwe cita-cita kepengen lungo neng Dufan, nanging durung keturutan. Wes bola-bali nembung Simbok nanging jawabane Simbok mesthi ngene,

‘’Nduk, nek sekolahmu enthuk Ranking! Njaluk neng ngendi wae kekarepamu mesthi tak turuti. Arepo Simbok ora nduwe duit, raketang nggolek utangan.’’

Ora kroso mripate Painem mbrebes mili, rasane gelo neng ati, dewek’e ijek ora percoyo.

‘’Duh, gusti …!! Coba nek aku iki ora males-malesan … mesthi kesempatan sing tak impek-impekke iki ora ilang!’’

- Oleh : Satrio ‘si juragan kodhok’

Tidak ada komentar:

Posting Komentar