Kamis, 29 Desember 2016

Loro Untu



Sore iki awakku rasane lungkrah tenan. Arep tangi males, arep lungo adus aras-arasen, hawane gur pengin mlungker mapan turu.

Ati rasane mangkel tenan, opo wae sing tak pangan mesti nyelip ono untu, rasane dadi snut-snut ora karuan. Gusiku dadi aboh guedi, koyo bar di entup tawon gung. Boro-boro dinggo ngguyu, dinggo mangap wae untuku loro. Isane yo gur plorak-plorok, plentas-plentus, thingak-thinguk koyo enthung, karo nyawang kahanan sing soyo bubrah.

Dinggo miring salah, mlumah salah, njengking salah, opo maneh dinggo mengkurep rasane malah tambah cnut cnut. Arep tumandang gawe ora iso, arep lungo menyang dokter ora ono sing ngeterne, arep lungo menyang dukun dukune wis podo insaf.

‘’Yo uweslah … pasrah aku. Mending mapan turu wae, sopo ngerti yen dinggo mapan turu iso ilang larane.’’

Ndelalah lagi arep mapan turu ono wae masalahe. Tonggoku sing rodok kenthir malah nyetel lagu dangdutan, lagune bukak sithik joz. Joget-jogetan enek tengah nglatar. Clekenthak-clekenthik koyo walang sangit, jedang jedung mbrebeki kuping …

‘’Duh Gustiii ... keloro-loro tenan nasipku sore iki!’’

Lagi judeg ngrasakne loro untu teko meneh masalah anyar. Anakke tonggoku sing nakale ndubilai teko dolan rene, banjur nyedaki aku.

‘’Om, sakit apaan? Pipinya bengkak begitu? Sakit ya, Om?’’

Aku jane males nanggepi bocah iki, soale nakale puol tenan.

‘’Om lagi sakit gigi, Dik. Jangan dipegang, ya? Ntar Om kesakitan klo dipegang.’’

Durung sempet nerusne omonganku bocah cilik kuwi malah nabok pipiku.

Tepoookkk ...

Bar nabok pipiku bocah cilik kuwi langsung brabat mlayu karo ngece aku seko kadoan,cengar cengir karo ngedongi bokong .

‘’Aduuuh biyuuung ...!! Bocah sempruuulll ..!!''

Oleh : ''Satrio Damars Setiadji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar